Tuesday, April 22, 2014

Tuladha Wacana Ekposisi

Tuladha Wacana Ekposisi Pola Proses
Bakwan Urang, Nggadho Siji Mesthi Kurang
Ubarampe (Bahan):
1.      250 gr thokolan (jagung), aja lali dikumbah dhisik.
2.      Onclang sacukupe dirajang nganti alus
3.      Wortel sacukupe dirajang nganti alus
4.      150 gr urang, dicacah kasar
5.      100 gr glepung gandum
Kanggo Jladren (Bahan/ bumbu Pelengkap):
1.      ½ sdt uyah
2.      ¼ sdt mrica bubuk
3.      Bawang cacah 3 diuleg kanthi lembut
4.      Endhog pitik cacah 1 diublek (dikocok) sedhela
Carane Gawe:
1.      Campur kabeh ubarampe jladren, sinambi dicuri banyu sacukupe nganti jladren dadi kalis (tercampur rata). Sabanjure cemplungi thokolan, urang, onclang, wortel, lan glepung.
2.      Siapke lenga klenthik banjur dipanaske ana ing wajan nggunakake geni sing panase sedhengan.
3.      Jupuk sithik mbaka sithik campuran jladren karo ubarampe bakwan (Ing No.1) nggunakake cething/enthong, cemplungke ing sajeroning lenga sing wis dipanaske mau.
4.      Enteni nganti bakwan thokolan warnane kuning kecoklat-coklatan.
5.      Angkat bakwan thokolan, banjur ditus sedhela nganti lengane garing.
6.      Bakwan urang sumadya kanggo lawuh utawa gadhon

 























Tuladha Wacana Eksposisi Pola Sebab-Akibat
Mula Bukane Kutha Atlas
“Mula Bukane Kutha Atlas”
Kerangka Karangan miturut gambar lan tema
1.      Ki Ageng Pandan Arang, asma Bupati Semarang ingkang nomer setunggal
2.      Kanjeng Bupati nemokake wit asem uwohe sethithik utawi arang-arang
3.      Kanjeng Bupati paring tetenger Semarang saking uwoh asem ingkang arang-arang menika
 






Hasil Karangan
Mula Bukane Kutha Semarang
            Jeneng Semarang diparingake dening Ki Ageng Pandan Arang minangka Bupati sepisanan ing kutha iki. Mula kanggo tetenger yen ana rejaning jaman. Nalika semana, Kanjeng Bupati lelana nemokake wit asem wohe sethithik utawa arang-arang.
            Kanjeng Bupati banjur ngendika marang punggawane mangkene: “Para pandherekku kabeh, seksenana, amarga ing papan iki akeh wit asem, nanging wohe kok arang, mula laladan kene dakjenengake Semarang.”
Manut karangan ing nginggil, kalebu jinis karangan eksposisi ingkang nyriosaken sebab-akibat. Amargi disebataken sebab lan akibatipun. Sebabe inggih menika Kanjeng Bupati nemokake wit asem ingkang wohe sethithik utawi arang, pramila Kanjeng Bupati paring tetenger Kutha Semarang saking tembung aSEM ARANG (akibat).

Tuladha Wacana Eksposisi Pola Ilustrasi
Budaya Lokal Kanggo Nanggulangi Pengaruh Globalisasi
Karusakan lan ilange ora mung disebabake gaman kang canggih, nanging uga jalaran manungsa dhewe ora duweni daya kang mumpuni kanggo ngrumati (ngrawat) lan ngendhaleni ngrembakane ilmu pengetahuan kang saiki lagi ngalami invaliditas etik utawa piwulang tata krama wiwit dikiwakake lan wusanane bakal nglairake rupa donya kang nyumelangi utawa ngalami krisis.
Bukti nyata wis katon. Tuladhane anane krisis lingkungan, krisis kasedhiyane barang, krisis perang, blawure gambaran mangsa ngarep, krisis pangan, krisis gaweyan, lan ilange kamardikaning dhiri. Lan krisis-krisis kuwi uga dialami bangsa Indonesia saiki iki.
 










Katrangan:
1.      Eksposisi pola proses, njlentrehake cak-cakaning carane gawe apa wae. Tuladhane carane gawe sabuk, cara gawe tas kulit, cara gawe masakan, lsp. Kabeh mau dijlentrehake kanthi cetha lan runtut wiwit ubarampe sing kudu cumepak nganti carane gawe.
2.      Eksposisi pola sebab-akibat yaiku njlentrehake kadadeyan kang nyata sebab lan akibate. Biasane digenepi grafik utawa gambar.
3.      Eksposisi ilustrasi yaiku kayadene pawarta, nalika njlentrehake kudu digenepi ilustrasi kadadeyane. Mula sumbere kudu cetha ora ngarang.

No comments:

Post a Comment